Cerita Rakyat Prabu Dasamuka.

Surabaya Jatim MonitorNusantara.com-ABABE PRABU DASAMUKA

Cerita Pendek Karya : ( Rafael Priyono Mintodihardjo )
Beliau Pelestari Budaya Sekaligus Penulis Berbagai Buku2 dari Hasil karyanya.

Cerita ini di Ambil Dari Daerah Tanah Kelahirannya Beliau, Tepatnya di Lereng Gunung Ungaran Sebelah Selatan dari kota Semarang, yaitu desa kenteng Kecamatan Bandungan Kab Semarang.

Kebetulan Beliunya Sa’at Ini sedang dalam Terapi Penyembuhan dari Sakitnya, Untuk Itu Mohon Doa Terbaik Untuk Kesembuhan Beliu,
Dengan Harapan Beliau dapat Meneruskan Hasil Karya2nya, untuk kita Semua, Aamiin.

Cerita di Tulis Dalam Bahasa Jawa

Gara-gara kasmaran, Prabu Dasamuka nyolong Dewi Shinta.
“Aduh rasane wong nandhang asmara, aku ora bisa turu ing awan lan bengi. Aku tansah kelingan Wara Shinta. Aku Raja Alengka kang sekti mandraguna. Bakal dakcolong Dewi Shinta. Nek sida dakcekel dakgawa mabur, lan dakmulyaake ing negara Alengkapura.” Kaya ngono ngudharasane Prabu Dasamuka. Ing tembe apa sing digagas Raja Alengka iku dadi kanyatan.
Prabu Ramawijaya saka Krajaan Ayodyapala ngutus Prabu Hanoman saka Krajaan Keling Pancawati supaya bisa ngrebut Dewi Shinta. Prabu Hanoman nggawa wadyabala ewon kethek nyerbu ing Alengkapura. Prajurit Alengka keteteran. Indrajid, minangka patih, kang sekti merga duwe Jimat Panah Naga Pasa ora bisa dikalahake karo Prajurit Pancawati. Prabu Laksmana sing ngerti asal muasale putra mahkutha Indrajid, ngadhepi perang tandhing lawan Indrajid. Prabu laksmana bisa ngalahake Indrajid, ya ponakane dhewe.
“Sabenere kowe iku dudu anak Kangmas Dasamuka, kowe mung anak pujan, balia neng asalmu Indrajid.”
Ngerti asale menawa Indrajid dudu anake Prabu Dasamuka, Indrajit nyembah pamane, banjur muksa.
Dene Prabu Kumbakarna, maju perang ngadepi kethek-kethek saka Keling Pancawati.
“Aku maju perang, ora mbelani Kangmas Dasamuka. Aku mbelani negara Alengka kang wis diidak-idak mungsuh.” Ing wasana Prabu Kumbakarna gugur ing perang.
Ngrasakke prajurit Alengka padha kalah, Prabu Dasamuka maju ing perang.
“Heh, Prabu Ramawijaya ayo perang tanding karo aku!” tantange Prabu Dasamuka. Saben-saben dipanah, kena banjur mati. Merga duwe Aji-aji Pancasona, saben mati
tiba njrebabah ing bantala, mambu lemah, urip maneh. Ngono kuwi bola-bali. Ndelokake Prabu Rama Wijaya kang kateteran, Prabu Hanoman maju perang tandhing ngadhepi Raja Alengka kang bekasakan, manut karepe dhewe. Prabu Hanoman nggawa Gunung Sumawana, yo Gunung Ungaran, banjur diblegake ing Prabu Dasamuka. Bengok-bengok raja buta iku ora bisa tangi.
“Hanoman! Kowe ora bisa ngalahake aku. Kowe ngeblegi Gunung Sumawana, sakmene gedhene. Yoh daktampa kadadeyan iki, nanging ing tembe aku bisa tangi. Perang

tandhing iki bakal dakterusake. Bakal aku kalahke kowe lan wadyabalamu, uga tlatah kene sakabehe bakal dakremuk!”
Prabu Dasamuka murka karo menehi pesen kang nggegirisi manawa bisa dadi kanyatan. Gunung Sumawana iki bakal sungsang jempalik. Bakal ana rajapati kang gawe miris manungsa lan kewan kang urip sakiwa tengen gunung.
Njrebabah Prabu Dasamuka mujur ngulon. Sirahe ing sisih kulon antara candhi nomer wolu lan candhi nomer sanga. Ing ndhuwur candhi nomer wolu, dikubur wayang Prabu Dasamuka. Dhalang misuwur ing kutha Ngayogyakarta, Ki Timbul Hadiprayitno bareng karo Jendral Bardosono sing nyarekake wayang Prabu Dasamuka ing kono. Banjur reca Hanoman didegake ing sandhuwure kuburan wayang Prabu Dasamuka, minangka simbol menawa Prabu Hanoman njaga Prabu Dasamuka.
Masarakat ing sekitar Gunung Sumawana sisih kidul percaya. Prabu Dasamuka disarekake ing kono. Merga isih urip mung ora bisa tangi, Prabu Dasamuka isih gereng-gereng le ambegan. Ambegane muni, “Huwass…Huwass…!” ngetokake welirang panas sing ambune khas banget. Sapa wae bisa nonton ambegane Prabu Dasamuka kang kanthi ngetokake banyu welirang. Banyu iku mili mudhun ing sisih kidul. Akeh wong sing padha adus ing ilining banyu. Jarene sing lara kudis, masuk angin, lan lelara liyane bakal mari.
Panggonan ing kono iku banget singupe. Menawa dhewe teka ing kono kaya-kaya teka ing sigaraning Gunung Sumawana, swasanane sepi, rada peteng sanadyan awan. Kuwi marga ing perengan sumber welirang akeh wit-wit pakis lan wit-wit liyane kang ngrembuyung. Swarane sumber welirang kang muni ‘Huwass huwass’ kaya-kaya mbengung muni kanthi dobel. Semono uga swarane awake dhewe menawa mbengok, swara iku bakal muni dobel ing kadohan, luwih-luwih ing sandhuwure sumber.
Dene wetenge Prabu Dasamuka ana ing tengah gunung sisih kidul. Njegenuk dadi gunung Gendhol. Ing kono akeh kayu marenggong sing godhonge pait, pakis teji gedhe-gedhe sing kayune bisa kanggo nempelake wit anggrek, lan wit-wit liyane kang subur. Akeh para warga kang golek kayu bakar ing kono banjur kayune didol ing Pasar Bandungan.
Nek sirahe ing kulon, wetenge ing tengah, sikile neng endi? Sikile ing wetan sandhuwure kutha Bandungan. Telapake yo njenggenuk rada dhuwur, drijine ketok cringeh-cringeh. Sangisore sikil Prabu Dasamuka ana sawah, tegalan lan Umbul Sidomukti kang saiki dadi daerah wisata. Ing tegalan, para penduduk nandur kembang kang warna-warna. Ana kembang karnesen, kembang krisan, kembang gladiyul, sedhep malem, aster, dahlia, lan liya-liyane. Mula Bandungan dikenal kutha kang mroduksi kembang ing tlatah Jawa Tengah.

Sakidul wetan kutha Bandungan, kira-kira limang kilometer ana gunung. Jenenge Gunung Kendalisada. Gunung iku kanggo pertapan Prabu Hanoman. Prabu Hanoman tetep njaga Prabu Dasamuka saka kadohan, aja nganti tangi. Manawa tangi bisa gawe rusak samubarang. Ing puncak Gunung Kendalisada iku ana tugu cilik minangka Pertapan Prabu Hanoman. Manawa dina Selasa Kliwon ana wong kang nggolek berkah kanthi kirim kolang kaling, mawar, menyan, sigaret, lan mbako.
Crita utawa mitos iki mbuh ana dhisik sadurunge Candhi Gedhong Sanga digawe. Mbuh crita digawe sawise candhi wis dadi ing abad kapitu. Miturut para winasis bab purbakala, Candhi Gedhong Sanga iku dibangun wektu pamarentah Krajaan Kalingga kang dipimpin Ratu Shima. Krajaan Kalingga dikenal pamarintah kang resik. Ora ana colong jupuk, ora ana korupsi, apa maneh rajapati. Rakyat urip kanthi tentrem. Makmur sandhang, pangan, lan papan.
Aku lan kanca-kanca pada mlongo ngrungoake critane Bapak Guru.
“Wis ayo saiki nerusake laku. Mengko coba ambunen ababe Prabu Dasamuka.” “Tutukipun Prabu Dasamuka niku amba napa ciyut, Pak Guru?”
“Ciyut ki ora amba. Nanging ana telu apa papat ngono.”
“Kudune amba niku.”
“Lha nek lagi mecucu rak cilik, coba saiki kowe mecucu kabeh.”
Bocah-bocah padha bareng mecucu. Swasana dadi rame, padha nggeguyu siji lan
sijine.
Tekan candhi nomer siji. Apik banget. Candhi iku kanggo ndedonga njaluk keslametane manungsa lan kabeh ciptaane Gusti Kang Maha Agung. Supaya kabeh makhluk bisa urip kanthi bagya mulya. Aku ngebayangake kejayaan zaman Hindhu ing abad kapitu. Bangsaku, leluhurku, wis bisa nggawe candhi kang endah. Aku karo Bapak mlebu ing candhi nomer siji, nyelehake kembang mawar ing watu yoni. Banjur ndedonga muga-muga apa sing disedya bisa kabul, dadi nyata ing panguripan. Bubar iku guru-guru lan murid-murid uga padha ndedonga supaya kabeh panyuwune marang Gusti Kang Murbeng Jagad bisa dikabulake.
Rampung ing Gedhong nomer siji, aku, Bapak, lan guru-guru mlaku munggah ing Gedhong nomer loro. Ing kono, bisa nikmati candhi kang kondhisine isih apik. Isih endah. Bisa lelungguhan karo namatake pemandangan kang merak ati. Alas kang isih subur, manuk tilang, manuk cucak, plenthet, prenjak lan deruk, isih padha ngoceh lan manggung. Ing kono uga krasa angin kang semilir, angin kang isih resik tanpa polusi.

Rampung nekani Gedhong nomer loro, mlaku maneh bebarengan munggah ing candhi nomer telu. Tekan ing kono kanca-kanca, uga padha ngemek-ngemek candhi, kanthi rasa gumun, kagum.
“Ing abad kapitu, bangsane awake dhewe wis bisa gawe candhi kang apik lan endah. Pancen hebat leluhur kita. Bab kabudayan, karyane ngedab-edabi dadi pangalembana negara sadonya,” ngendikane Pak Guru.
Bubar candhi nomer telu munggah maneh. Ora adoh, saka candhi nomer telu, ana candhi nomer papat, lima, enem, pitu lan wolu. Nanging candi-candi iku wis rusak mung watu bekas candhi kang ditumpuk ing kono. Sakdurunge candi nomer sanga, ana sumber welirang.
“Kowe kabeh aja cedhak-cedhak le nonton muncrate banyu welirang. Banyu iku panas. Muncrate banter, swarane medeni, ambune ora enak. Ya, kuwi sing diarani ababe Prabu Dasamuka,” ngendikane Bapak Guru.
Bocah sing seneng pelajaran Ilmu Alam, ana sing nggawa endhog pitik mentah, dicelupke ing banyu sangisore banyu welirang. Kanyata endhog mau bisa mateng ing wektu 30 menit. Rada suwe wong-wong padha ngumpul ing panggonan muncrate banyu welirang karo padha nutup irung. Kabeh wong ing kono padha gumun, kagum, ing atase bumi kok bisa ngetokake banyu welirang.
Pak Slamet Lagima, tokoh spiritual ing wilayah desa Kenteng, kang dadi juru kunci panggonan Kiyai Gedhong Sanga pesen, “Nek dolan ing sakupenge banyu kang muncrat utawa nyembur, aja omong saru, omong nggrundeli wong liya. Apa maneh ing kono banjur nguyuh tanpa kula nuwun. Kuwi ora ilok. Mbah Gedhong Sanga bisa nesu lan mblaeni.”
Pantes angger aku dolan ing Gedhong Sanga lan mambu ababe Prabu Dasamuka, mesthi rambut githokku ngadeg, mak prinding. Prasaan iku nganti saiki isih bisa dakrasakake.
“Le neng kene dipungkasi dhisik. Kita isih nuju menyang Gedhong kang nomer Sanga. Ayo kabeh padha siyap-siyap mrana, aja nganti barang sing mau di
selehake ing kono lali.”
Kabeh rombongan nuju Gedhong nomer sanga. Ing dalan sisih kiwa, ana petani sing nandur kopi ing ereng-ereng. Kopi iku metu wohe wis abang-abang. Dalane munggah banget. Pak Guru sing wis sepuh bola-bali unjal ambegan. Sing isih enom bisa mlaku cepet. Aku karo kanca-kancaku malah padha mlayu munggah dhisik-dhisikan.
Tekan Gedhong kang nomer sanga, padha mbukak sangune dhewe-dhewe. Aku karo Bapak mbukak arem-arem sing digawe Sibu mau bengi. Ana kanca sing ora nggawa apa-apa, banjur lungguh mojok.

“Siman, mrene dadi siji karo Bapak,” Bapak ngundang Siman karo ngawe-awe. Siman nyedhak banjur mangan bareng aku. Uga ana Pak Guru kang nyedhak melu mangan. Bocah-bocah padha ngupengi candhi lan munggah. Kabeh candhi blegere padha karo candhi nomer siji lan liya-liyane. Kabeh candhi ing njero ana watu yoni. Iku pratandha kabeh candhi ing Gedhong Sanga pancen kanggo sarana ndedonga.
Saka candhi kang ana pucuk gunung iku, bisa ndelok Rawa Pening Ambarawa ing sisih kidul. Ketok putih kanthi cetha wela-wela nganti kaya kaca benggala. Sakidul Rawa Pening, ana kutha Salatiga. Ketok bangunan kang pating kethip merga saking adohe. Sisih kulon candhi nomer Sanga ketok kutha Sumawana kang cedhak banget. Nganti kendaraan lan wong sing padha mlaku nuju pasar utawa stamplat padha ketok. Sisih wetan candhi ana kutha Bandungan, nanging ora ketok merga ketutup tegalan. Dene sisih lor, isih ana alas kang dilindungi negara. Alas iku isih subur lan gawe rasa adheming ati.
Gedhong Sanga, candhi gawean Krajaan Kalingga, Krajaan Hindu ing abad kapitu iku, gawe mongkoging ati. Kanyata leluhurku, wong-wong kang linuwih ing pamarintahan, linuwih ing kabudayan, linuwih ing samubarang kardi. Leluhurku kang wis dhuwur pamikire. Tinggalane awit tahun 700-an nganti tahun 2023 isih ngadeg kanthi endah. Aku krasa mongkog. Bangga dadi wong Nuswantara.

Ngayogyakarta
14 September 2023.
Di Upload Oleh : Damar Edi purwoko.

%d bloggers like this: